Ning kabeh mongso sepimu
Aku mesti ono
Ning wayah roso loromu
Aku sing ono ning kono
Tak gemati tenanan
Ben kowe ora kelaran
Nanging kowe ora ono perasaan
Jaremu kabeh wong lanang kuwi podo wae
Ra ono sing isoh ngerteni
Kabeh nglarani
Aku mbok anggep opo
Ngancani kowe pas loro
Nanging kowe malah milih wong liyo
Umpomo meh lungo nggih ngabari
Pas koyo mbiyen kowe njaluk dikancani
Ora tiba tiba kowe lungo
Terus aku iki kon karo sopo
Kembang sing tak sirami mekar nganti wangi
Malah aku saiki dadi sing layu
Sedih loromu tak kancani
Senengmu ro wong liyo
Nyatane kowe gampang ngelalekne aku
Aku sing kangelan nglalekne sliramu
Ibarate lombane durung dimulai
Aku wes kalah






Leave a Comment