Lunging mekar lan semi
Puspita ing taman sari
Manglung manungsung wengi
Kalawan wulane ndadari

Ngambar rum sasmita
Sang kumbang wewayang
Ngrangsang pucuk sarining kembang
Kembang

Kusumaning ratri mung sawiji
Kinanthi mematri sajroning ati kang suci
Lintang-lintang panjer ana antariksa
Amimbuhi ayu sang rina
Kusuma Wijaya

Lunging mekar lan semi
Puspita ing taman sari
Manglung manungsung wengi
Kalawan wulane ndadari

Ngambar rum sasmita
Sang kumbang wewayang
Ngrangsang pucuk sarining kembang
Kembang

Kusumaning ratri mung sawiji
Kinanthi mematri sajroning ati kang suci
Lintang-lintang panjer ana antariksa
Amimbuhi ayu sang rina
Kusuma Wijaya

Kusumaning ratri
Nyawiji
Kinanthi mematri sajroning ati kang suci
Lintang-lintang panjer ana antariksa
Amimbuhi ayu sang rina
Kusuma Wijaya

Bagikan:

Tags:

Leave a Comment